PE PE KA EM

Assalamualaikum Wr. Wb.
Kawiwitan setaun kepungkur nalika wiwitan taun 2020, Indonesia kedunungan pageblug sing arane Pandemi COVID -19. Pageblug amarga virus sing arane Coronavirus mubal ana ing sawiyare donya. Ora amung ing Indonesia, negara manca uga pada ngrasakake pageblug iki. Pageblug iki ora pilih-pilih anggone ndunungi. Negara gedhe, cilik, negara sing wis maju utawa isih ngrembaka kabeh kedunungan.
Ing Indonesia, wong sing kedunungan lara amarga virus corona akeh. Endi sing ana titikan larane, utawa sing ora katon titikane. Yen sing ana titikane gejala bisa abot bisa entheng. Sak enthenge amung kaya wong pilek flu kaya adate. Sing abot ana sing nganti nganggo piranti pambiyantu kanggo ambegan. Nganti sesek ora bisa ambegan. Yen diukur kanthi piranti oxymeter, lumrahe wong sehat iku ana ing angka 94 utawa sakndhuwure. Yen kedunungan virus corona kanthi gejala abot bisa mudhun angkane.
Pamarentah Indonesia ngupaya supaya pageblug iki bisa oncat saka Indonesia utawa malah yen bisa ilang sisan saka donya iki. Salah sawijine kanthi cara PPKM (Penerapan Pembatasan Kegiatan Masyarakat). Sakdurunge PPKM iki uga wis dilakoni cara sing arane PSBB. Salakune wektu, para pangarsaning negara banjur ngowahi paugeran dadi PPKM. PPKM iki kawiwitan dilakokake ana ing Jawa lan Bali minangka tlatah sing dadi Punjering Pamarentahan lan Negara uga sing kebak cacahing masarakate. Kawiwitan saka Juli tanggal 3 taun 2021, PPKM diwiwiti. Tumekaning sasi wiwitan September iki, pancen pageblug durung ilang. Ananging trend positif sing dadi pangajab lan impene para warga Indonesia wiwit katon. Mudhune cacahing kasus positif lan munggahe cacahing warga sing mari saka lara amarga virus iki.
Mula, ayoa nyengkuyung program saka pamarentah iki supaya Indonesia bisa bali kaya taun-taun kapungkur sadurunge ana pageblug. Para bocah sekolah bisa mlebu meneh ora amung sekolah online. Para warga masarakat uga aja nganti ninggal jenenge Protokol Kesehatan kayata nganggo masker, wijik nganggo sabun utawa hand sanitizer, njaga jarak, ora ngumpul-ngumpul lan aja lali ndonga dhumateng Gusti Allah SWT. Tetep njaga warase awak, bungahe ati supaya imun ana ing jero awak tetep kuwat. Lan ndherek program pamarentah yaiku Ayo Vaksin. Mugiya kabeh tansah sehat lan tetep semangat.
Wassalamualaikum Wr. Wb.

Dening : Imam Wisnu Aji Sapitra, S. Pd. (Guru Bahasa Jawa)

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *