Gowes ingkang Parangtritis by MUMA Jogja 2020

Ing era New Normal kaya saiki, pancen wigati banget tumrap para warga masarakat kanggo manut karo aturan protokol kesehatan lan kanggo ningkatake imunitas ana ing awak. Ningkatake imunitas awak salah sijine kanthi cara olahraga. Numpak pit utawa saiki asring kasebut gowes, salah sawinjining olahraga sing agi misuwur ing masarakat. Jumbuh karo para warga SMA Muhammadiyah 5 Yogyakarta. Madege komunitas para warga sing duwr karemenan nyepeda utawa ngepit ngawe gumregah para guru lan karyawan SMA Muhammadiyah 5 Yogyakarta kanggo nglakoni nyepeda utawa ngepit bebarengan. Kanthi greget bebarengan taun anya Islam 1442 H, ing dia Kemis 20 Agustus 2020, kulawarga ageng SMA Muhammadiyah 5 Yogyakarta nganakake acara “Gowes To Paris”. Papan ngumpule ana ing Kampus SMA Muhammadiyah 5 Yogyakarta.
Acara iki sejatine wis dijadwalake saben 2 minggu sepisan kanggo salah sawijing cara silaturahmi lan olahraga bebarengan. Sadurunge, acara kaya mangkene wis dianakake ing Kutha Yogyakarta lan Desa Wisata Gamplong ing Moyudan, Sleman. Acara iki uga dilakoni tanpa nglanggar protokol kesehatan yaiku njaga jarak saben wong lan nganggo masker.
Muflihun Ramadhan minagka pangarsaning kegiyatan lan acara iki mratelake saliyane kanggo ningkatake imunitad awak kanthi olahraga, ancas sing wigatine yaiku silaturahmi ing sakabehe warga SMA Muhammadiyah 5 Yogyakarta. “temtu acara iki pancen kanggo njaga imunitas awak nanging ancas utamane yaiku ngraketake silaturahmi guru lan karyawan SMA Muhammadiyah 5 Yogyakarta sing antarane 5 sasi iki nglakoni WFH lan arang ketemu.” Andharan saka Muflihun
Ing jadwal sabubare iki, kulawarga ageng SMA Muhammadiyah 5 Yogyakarta, bakale nuju ing Lava Bantal, Berbah, Sleman ing acara Gowes Bebarengn.

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *